Informasi Lagu
44
Nomor
Kode
KPK 44
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 13 bait
Padha saosa puja Mring Hyang kang asih darma Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Padha saosa bekti Mring Allah kang Ma’sekti Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Padha saosa puji Mring Gustine para Gusti Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamannya
Namung Allah piyambak Kang nindakken mukjijat Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Allah kang nitahake Langit samudayane Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Pratala lan samodra Hyang Ma’agung kang murba Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Allah nitahken surya Kang mengku ing raina Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Lintang-lintang lan sasi Pinatah mengku wengi Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Allah ngirid umatnya Mring enggoning raharja Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Allah apalimirma Mring pra kang sinangsara Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Allah angrebat kita Saking dayane nraka Asit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Allah aparing bukti Mring saliring dumadi Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Padha saosa puja Maring Allah ing swarga Awit sih kadarmannya Langgeng ing salamanya
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 44