Informasi Lagu
41
Nomor
Kode
KPK 41
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Saking luwenging cintaka Kula sambat mring Tuwan Dhuh Pangeran kang wilasa Mugi myarsakken mring wang Sambat kula memelas Wit klangkung trenyuh ing tyas Mugi-mugi tinilingna Ing Tuwan kang asih mirma
Dhuh Pangeran, yen ta Tuwan Karsa aniti-priksa Dhateng durakaning tiyang Sinten kang saged wluya? Nanging Tuwan kagungan Pangapunten lan piwlas Kang sinuprih para jalma Ajrih asih mring kang asma
Nyawa kula ngantos-antos Mring Allah rinten dalu Inggih kula ngajeng-ajeng Ing sabdanya kang tuhu Pangantos-antos mami Cecengklunge nglakungi Tyang kemit dalu ‘nggenira Ngajeng-ajeng ing raina
Umate Hyang Ma’wilasa Sira ngarep-arepa Maring Allah kang Ma’kwasa Kang mitulungi sira Wit Yehuwah kagungan Sih piwlas lan kadarman Karsa anebus umate Saking sagung durakane
Setem Instrumen
Tuner gitar, bass, ukulele, dan piano sebelum mengiringi.
Buka Tuner
Metronom
Latihan atau mengiringi dengan tempo yang stabil, bisa tap tempo.
Buka Metronom
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 41