Informasi Lagu
2
Nomor
Kode
KPK 2
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 57, KPJ 131
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 12 bait
Yagene ta para bangsa Pada weringuten? Saliring angen-angennya Tansah tanpa guna
Yagene ta para raja Pada ambalela Lumawan marang Yehuwah Sarta jebadannya?
Pangucape: “Mara pada Amedot dadunge; Sarta pada ambuwanga Kendarate Allah”
Kang akadhaton neng swarga Wis mesti gumujeng; Pra kang nglawan dipoyoki Dening Kang Ma’ageng
Padha didhawuhi Allah Kalawan gung duka; Lan padha dirubuhake Kalawan bramatya
Dhawuhe’Allah kang kwasa “Sun jumeneng Ratu; Wakilingsun aneng Siyon, Ing gunung kang suci”
Kekancinganing Pangeran, Dhawuhe mring aku: Sira iku Putraningsun; Samangkin Sunyoga
Sira nagiha mring Ingsun, Mesti Sunjurungi; Bumi dadi darbekira: Saka Astaningsun
Pra bangsa sira ejura Klawan teken wesi; Lan padha sira remuka Lir grabahing kundi
Mulane he para raja Sumuyuda mring Hyang Klawan wedi; bungahira Dikanti gumeter
Kang Putra sungana ujung Murih aja duka; Aja kongsi padha tumpes Aneng dalanira
Rahayu sarupaning wong Kang mantep sumendhe Lan ngungsi marang kang Putra Pinuji Asmane
Setem Instrumen
Tuner gitar, bass, ukulele, dan piano sebelum mengiringi.
Buka Tuner
Metronom
Latihan atau mengiringi dengan tempo yang stabil, bisa tap tempo.
Buka Metronom
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 2