Informasi Lagu
32
Nomor
Kode
KPK 32
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPJ 350
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Rahayu wong wedi asih Mring Yehuwah Allahe Kasengsem mring pepakone Turune wong kang jujur Kanggep ana ing tanah Wis mesthi oleh berkah
Omahe wong kang pracaya Kanggonan kaluberan Jujuring atine ulus Tumekeng kalanggengan Samangsa kepetengan Mesthi oleh pepadhang
Angger wong dhemen aweweh Tan sepi ing ganjaran Wong kang loma dhatan rubuh Ngarsane pangadilan Wong mursid lan welasan Slamanya ingelingan
Atine salir wong mursid Tan kuwatir, tan keguh Panglipur aneng Allah Ngunggul sakehing mungsuh Lan jujuring atine Tulus ing salawase
Wong wedi-asih mring Allah Bakal kaluhurake Nadyan nepsua wong ala Katona kamerene Karepe wong duraka Denlebur dening Allah
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 32