Informasi Lagu
26
Nomor
Kode
KPK 26
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Swawi sami anyaosaken Pangidung kasukan mring Hyang Sami sumyaka ngluhuraken Paranging kraharjaningwang Swawi methukken wedananya Klayan panggunggung lan puji Wah sumyaking pangidung masmur Konjuk mring Kang Mahasuci
Yehuwah Allah kang ma’luhur Dennnya ajumeneng Raja Kwasane saestu nglangkungi Ing sawarnining pra dewa Dene dalah telenge bumi Myang pucake sagung redi Miwah seganten lan daratan Sami wengkone Hyang Widi
Swawi sami tumungkul sujud Ajengken wonten ngarsanya Yehuwah ingkang murbeng jagad Inggih kang nitahken kita Awit punika Allah kita Kita umat ngen-ngenannya Menda reh-rehaning astane Sabdanya tinilingena
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 26