Informasi Lagu
10
Nomor
Kode
KPK 10
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Rahayu wong kang kaapura dosane Lan kaluputane kaaling-alingan Sarta rahayu kang ora kajibahake Dening Allah mungguh sakehing durakane Rahayu kang ora kena ing paukuman lan kang atine ora kadunungan cidra
Slaminya kula nyidem dosa kawula Manah kula pegel Garing balung amba Dhe tan pegat panggluruh amba, dhuh Pangeran Margi awrat pametekipun asta Tuwan Dhateng kawula, matemah bayu kawula Sami malih kados ngerak ing mangsa panas
Dosa kawula nunten kula akeni Kawula wedharaken ngarsaning Gusti Kula ngumpetaken sagunging dosaku Pangucap kula “Dak ngakoni panerakku ing ngarsane Allah” Tuwan lajeng ngaksama duraka amba Awit Tuwan ma’wilasa
Pramila para tyang alim sujud samya Mring Tuwan kalanipun taksih pinanggya Sanadyan ta wonten santering toya agung Ngantos kagepok kemawon sampun boten Dene Tuwan dados pangauban kawula Tuwan ngluwari kula saking gung bebaya
Dene Ingsun karsa memulang mring sira Sunsumurupake mungguh dalanira Sakehing pirembug saka peparingipun Lakunira katuntun ing paningal ingsun Sira aja kaya jaran kang tanpa budi Kudu dipraboti keluh sarta kendali
Dene wong duraka iku akeh prihe Nanging kang ngandel marang Allah mestine Kinalang-kalang ing kamurahane Allah Para wong mursid pada den bungah-bungaha Wit pangrehe Allah Eh wong jujur ing ati Padha memujia mring Allah klawan suci
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 10