Informasi Lagu
14
Nomor
Kode
KPK 14
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Dhuh Allah dosa kawula Mugi Tuwan aksama Sagung duraka kawula Mugi Tuwan ruwata Badan amba kang reged Tuwan dusi kang nemen Awit saking sih kadarman Lan gung palimirma Tuwan
Dene gunging dosa kula Wonten ngajeng kawula Manah amba ngraosken Awoning lampah amba Kula wajib nampeni Bebendunipun Gusti Wit kawula lair mila Nandang dosa lan duraka
Badan amba Tuwan dusi Ngicalken dosa kula Nyaw’amba Tuwan resiki Dados pethak sampurna Manah amba kang sedih Sageda bingah malih Ilata amba angluhurna Asma Tuwan kang wilasa
Kurban ingkang katarimah Wonten ngarsa Paduka ‘Nggih rempu-trenyuhing manah Panangis, panalangsa Dosa kula, dhuh Gusti Sestu kula getuni Tuwan gung ing pangaksama Karsa mbirat najis amba
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 14