Informasi Lagu
312
Nomor
Kode
KPJ 312
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Punapa kanthi saestu nggen kula sami ngakeni gesang ingkang kebak dosa, sinanggi ing siyang ratri, wit saking ringkih ing jalma, tan saged dipun endhani.
Punapa klayan tyas tulus ngakeni Gusti pribadi nggenipun sangsara seda, wit nebus disaning jalmi. Saiba nggen kula begja, mila mangga den sowani.
Punapa kanthi satuhu nggen kula masrahken dhiri, mrih lampahing gesang kula manut sakarsaning Gusti kang nuntun mring karaharjan, wit tresnanya lair-batin.
Punapa klayan saestu anggen kula ndherek Gusti; saos sokur tanpa kendhat, krana Gusti tansah nganthi, ingangkah wilujeng kula, wah tentreming tyang sabumi.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 312