Informasi Lagu
305
Nomor
Kode
KPJ 305
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Iba kasaenaning Gusti, andhawahaken bujana mring para abdine; kasuprih mentepipun pracaya, punapa malih rukun ira, de pitungkasing Pangeran dhateng para sakabatipun kinen sami sihsinihan
Mila kula gadhah panyuwun, kang mugi - mugi wontena sih jumurunging Gusti pyambak, nggen kula sami bujana; supados sestu andadosna tetepipun ing pracaya saha indhaking tresna kula mring pra sadherek sadaya.
Gusti, nggen kula niti priksa kawontenaning tyas kula saestu sageda pinanggih, kang dados klepatan kula; saha denakeni tumunten, mboten kula pitambuhi; aluwung nyuwuna apunten, kang sarta tobat ing Gusti.
Punapa kula ngenget-enget dhateng pisakit Paduka, mangka mboten purun neangsa ngrumaosi lepat kula? Punapa sanes dosa kula kang denrembat dening Gusti mila sawarnining piawon sageda kula singkiri?
Setem Instrumen
Tuner gitar, bass, ukulele, dan piano sebelum mengiringi.
Buka Tuner
Metronom
Latihan atau mengiringi dengan tempo yang stabil, bisa tap tempo.
Buka Metronom
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 305