Informasi Lagu
301
Nomor
Kode
KPJ 301
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, roti gesang ingkang Paduka paringaken, rejeki saking swarga, sumbering gesang langgeng Kawula aturpanuwun, wit tetedhan punika; mugi kula kasagedna dados seksi Paduka.
Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, dados srana panunggil kita para jiarah kalayan para suci kang mulya aneng swarga.
Bujana suci punika kawula yakini sanyata sariranta, sumber gesang greja Paduka kang makarya, ngundhangaken katresnan dhateng salir manungsa.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 301