Informasi Lagu
23
Nomor
Kode
KPKA 23
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 111
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Kula ngaturken sembah bekti de Gusti tansah mberkahi, sadinten-dinten nambut kardi kanthi temen lan taberi, abot entheng datan nggresula leladi kang trusing driya, wohe rejeki sing Ma luhur tinampi lan puji sokur.
Kula memuji datan kendhat mring sihe Allah murbeng rat, wanci enjing surya sumunar mulyaning alam ginelar, tetuwuhan mawarni-warni wah kewan ngebaki bumi, sing tilem ngaso kula tangi nindakken karsaning Gusti.
Kula ngluhurken mring Pangeran kang tansah ngganjar kabegjan, ing dalu peteng lelimengan wah abyor lintang rembulan, kula tilem ngaso myang lena nging astane Gusti ngreksa, kula mesthi manggih wilujeng wah ing manah ayem tentrem.
Setem Instrumen
Tuner gitar, bass, ukulele, dan piano sebelum mengiringi.
Buka Tuner
Metronom
Latihan atau mengiringi dengan tempo yang stabil, bisa tap tempo.
Buka Metronom
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 23