Informasi Lagu
111
Nomor
Kode
KPK 111
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 5 bait
Kula angalembana Tuwan Ing wanci dalu punika Padhanging surya sampun ical Nging Tuwan tan nilar kula Tuwan ingkang ngrimati kula Ngungkuli bapa ing donya Dhuh Rama ingkang Mahamirah Saiba sih kawlasanta
Asta Tuwan rumeksa kula Aparing sandhang lan teda Dene yen kula manggih sisah Tansah mitulungi amba Wiwit ing wanci enjing-enjing Ngantos ing dalu samangkya Tuwan ngamping-ampingi kula Kalayan kadarman Tuwan
Saklangkung panuwun kawula Dhuh Rama kang wonten swarga De saking gunging palimirma Tan etang piawon kula Dhasar Gusti kang Putra Tuwan Kang nanggel dosa kawula Temahan kalepatan kula Tuwan apunten sadaya
Ing sauruting dalu mangke Tuwan ngemuli kawula Raga lan sukma kula pasrah Inga asta Tuwan kang kwasa Bencana kaliyan piawon Mugi Tuwan tebihaken Supados tangi kula enjing Kang klayan kawilujengan
Dhuh Tuwan andel-andel kula Ing waktu dalu lan siyang Kang mugi Tuwan angayomi Kula ing salami gesang Dene yen kula tilar donya Kesaput daluning pejah Mugi icala petengipun Kasorotan ing sih Tuwan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 111