Informasi Lagu
376
Nomor
Kode
KPJ 376
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Kacang mangsa ninggala lanjaran, yen kang aran saloka. Lanjaran mono dadya rambatan, si kacang mrono mrambatnya. Werdinya pemimpin lan wong tuwa, den samnya asung tuladha. Lir Gusti Yesus paring tuladha marang pra kang pracaya.
Lamun pemimpin angumbar napsu, wong tuwa, tindaknya kliru, samnya nguja karsane pribadi, rakyat ngrasa dicontoni. Sadonya padha nampa warisan jagad bur tanpa kukuban. Tan beda kaya Sodom Gomora kalebur dening Pangeran.
Mula di eling lawan waspada, kang ngrasa dadi wong tuwa; watak satriya samya den esthi; wedi wirang wani mati. Urip tentrem dadia idhaman ing donya dugeng delahan; ndherek Gusti di tanpa reringa ing lair trusing batinnya.
Slide Lirik 3 slide
Slide 1 — KPJ 376 1
Slide 2 — KPJ 376 2
Slide 3 — KPJ 376 3
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 376