Informasi Lagu
143
Nomor
Kode
KPK 143
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 141
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Uripku pindha pangidung Sumaos mring Pangeran Nadyan neng donya lwih agung Sedih lan kasusahan Nging satengahing pasambat Tansah dennya umanggung Pangidunge pra mlaekat Yogya aku ya ngidung
Sirnaa saliring bungah Gustiku dhatan gingsir Nadyan karoban ing susah Padhangku tan sumingkir Atiku asukarena De tan pegat jinangkung Ing sihrahmate Sang Rama Sayogya aku ngidhung
Lamun ngelingi Gustiku Sedhihku enggal sirna Dak tut buri ing salaku Wit ginendheng ing sihnya Saiba ayem ing kalbu Yen rineksa Hyang Agung Ngarah apa maneh aku Sayogya aku ngidung
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 143