Informasi Lagu
41
Nomor
Kode
KPKA 41
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Dhuh Yehuwah nyawa kula ngantos antos Pangeran, kawula kaluwarana sing tyang remen mengsahan, wah katedahna margi bebener Paduka Gusti, mung Paduka pribadya sumbering tentrem raharja.
Dhuh Yehuwah ngengetana mring sih palimirmanta, wiwit jaman purwa mila Gusti gung ing apura, ngruwata dosa kula nadyan ageng saha kathah, nyawa kula rineksa wit sih kadarmaning Allah.
Allah Maadil lan sae tan ngegungken bebendu, tyang kang kesasar uripe tinuntun tobat sestu, marginya mung katresnan bebener sarta kasetyan, tumrap tyang setya yekti netepi sabdaning Gusti.
Dhuh Allah mugi ngapura krana asma Paduka, mripat kula tansah nenga ngadhang sih kawlasanta, kawula nandhang awrat kepencil sarta kesrakat, mugi kaluwarana mrih kula tentrem raharja.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 41