Informasi Lagu
266
Nomor
Kode
KPKA 266
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 121
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Wit Allah asih manungsa, masrahken Putranira dados kurban kang sampurna sinalib dugeng seda, sih rahmat kang lelahanan nylametken babar pisan angger tyang purun pracaya luwar sing pati ing nraka Allah asih manungsa pinujia slaminya.
Punika sih kang ngeramken yogya dipun tampeni, tyang dosa karukunaken manjing putreng Hyang Widi, gung dosanya ingaksama sinantunan budinya, nilar pratingkah nistha nglampahi pakarti mulya, Allah asih manungsa pinujia slaminya.
Punika sih ingkang nyata wit Allah tansah setya, lamun tyang nilar sih rahmat tinuntun mring pitobat, dimen tansah gesang suci ngarah ingkang utami, nggihkasampurnan ing swargi langgeng tunggil klayan Gusti, Allah asih manungsa pinujia slaminya.
Punika sih kang sejati nggih sihe Allah Rama, nitahken gesang sejati tansah mbabarken tresna, tetulung sepi ing pamrih ngaksama trusing galih, tansah ngarah ing kraharjan wonten ing gesang bebrayan, Allah asih manungsa pinujia slaminya.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 266