Informasi Lagu
205
Nomor
Kode
KPKA 205
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Cross Ref.
KPK 99, KPK 100, KJ 25, NR 139, KP 44, KPK 126, KP 83
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Gusti Yesus kula sami nyaosken lare alit mugi Gusti maringana pratandhaning sih rahmat.
Mugi Gusti njurungana ing pandonga kawula, anak kula lestantuna dadosa kagunganta.
Anak kula agengira dadosa tyang utami, lestantuna angsala sih sing Gusti wah sesami.
Mugi Gusti mitulungi kula tyang sepuhira, kasagedna mulang yoga tansah bekti mring Gusti.
Gusti seda krana kula nggih krana anak kula, sagung dosa ingaksama sami pinundhut putra.
Baptis suci mratandhani sih Paduka dhuh Gusti, kang njalari gesang suci yeku anyaring budi.
Slide Lirik 6 slide
Slide 1 — KPKA 205 1
Slide 2 — KPKA 205 2
Slide 3 — KPKA 205 3
Slide 4 — KPKA 205 4
Slide 5 — KPKA 205 5
Slide 6 — KPKA 205 6
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 205