Informasi Lagu
198
Nomor
Kode
KPKA 198
Buku
Kidung Pasamuwan Kristen Anyar
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 6 bait
Dhuh nyawaku sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha suci sabatinku ngluhurna asmane dhuh nyawaku Yehuwah kamulyakna aja lali mring gunging kadarmannya elingana sawiji wijine
Pujinen kang ngapura dosanira kang marasken sagung lelaranira nebus uripmu saking antaka kang ngerobi sira klawan kawlasan wah maregi umurmu lan kadarman myang ngenomke kakuwatanira
Yehuwah paring adil kang sanyata mring saliring wong kang kinaniaya saklangkung dennya sung palimirma agung sabare lan sih kadarmannya datan salaminya nggenira duka wah bebendunya den sirep nulya.
Sepira dhuwure langit sing bumi samono sih kadarmane Pangeran mring wong kang nyaosi pangabekti sepira dohe kulon saka wetan samono nggenira ngedohken dosa wah panerak sing tyang kang pracaya
Kadya welasing bapa mring anaknya mangkono Allah dennya asih darma mring wong kang nyaosi pangabekti mila slamanya yogya den pepuji kamulyane den caritakna yekti mrih sagunging manungsa ngabekti
Pangeran Yehuwah ambeg welasan wah tansah ngegungken ing kasabaran sih susetyane langgeng slawase wah enggal sirep duka bramantyane nging tansah ngluberken sih mring tyang dosa tyang kang lepat mesthi den apura.
Partitur / Not
Partitur Chord KPKA 198