Informasi Lagu
90
Nomor
Kode
KPK 90
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Style
Live8Beat
Cross Ref.
KPKA 139, KPJ 445
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Mugi Tuwan karsa angutus Utusan kados duk kinanipun Ingkang ngemban sabdane Allah Lan ngabarken sih piwelasipun Supados tyang salumahing bumi Angsala wartos king Mahasuci
Mugi Tuwan ngawontenaken Abdi prawira kang sami nyebar Tetaneman mugi dadosa Ngantos dinulu abyor ing sekar Wedalipun yen panen sageda Ambingahaken sestu ing driya
Sabdane Allah badhe unggul Pepetenging dosa badhe kawon Mekaten ugi tyang sembrana Lan kang kawengku ing gugon tuhon Rahajeng kang pitados ing Gusti Klayan bingah asmane pinuji!
Kula sami sujud sumungkem Wonten ngarsanya Rama kawula Sarta kula sami nyenyuwun Mugi karaton Tuwan rawuha! Tiyang ing pundi-pundia samya Pitadosa ing Gusti kawula!
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 90