Informasi Lagu
82
Nomor
Kode
KPK 82
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 280
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 9 bait
Swawi sami suka-suka Nggen kula ngenget-enget Gusti minggah maring swarga Mendah kaluhuranipun Jeng Gusti juru slamet!
Ya ta sinungan kamulyan Lan sagung pangawasa Wonten ing swarga kalayan Ing bumi, nggih jinulukan Ngungkuli sagung nama
Ngantos para malaekat Tansah sami memuji Langkung malih para umat Nggih wajib nyaosi urmat Saha sujud mring Gusti
Mung Yesus Kristus kang wenang Sami den akenana Gusti ing sawarnining tyang Dados lan kamulyaning Hyang Ma suci, nggih kang Rama
Dhuh Gusti kula Panutan Tyang Kristen pundi-pundi Asru anggunggung Sampeyan Rame-rame neng pasam’wan Tansah pinundi-pundi
Kang wau Gusti nahanken Sinalib, dhatan nggalih Wewirang, mila kluhurken Mangke pinarak neng tengen Ing Allah kang ma’luwih
Yogya dados pepandengan Ing pra umat sadaya Saha inganggep Panutan Dennya ambujeng kamulyan Ing tiyang kang pracaya
Sampeyan kang ngrumiyini Dados Pangirid kula Saha maringi prajanji Badhe karsa anyawisi Panggenan wonten swarga
Dhuh Rama, mugi Sampeyan Aparing Roh kang suci Minangka dados gantosan Nggen kula badhe kaduman Kanugrahaning Gusti
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 82