Informasi Lagu
67
Nomor
Kode
KPK 67
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Cross Ref.
KPKA 153
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Aku bok caritanana Bab Gustiku Panutan Aku bok ya korepekna Kidunging pangentasan Aku kepengin angrungu Wartane bala swarga Dennya sumyak ngidungake Rawuhe Sang Pamarta Dennya sumyak ngidungake Rawuhe Sang Pamarta
Mara critakna Gustiku Dennya mbetahken lapa Nahanken godha rencana Sajege aneng donya Critakna gunging piwlase Kang anemah sangsara Dennya anandheng cintraka Wit saka dosa kita Dennya anandheng cintraka Wit saka dosa kita
Mara critakna Gustiku Dennya pecat nyawane Marga sangsara sinalib Nanging mulya wungune Agung sihpalimirmane Tan ana kang madani Mula aku critanana Ing bab Pamarta mami
Besuk Gusti rawuh wangsul Jumeneng Ratu mulya Ginarebeg bala swarga Wrata pinuja-puja Samana kita sadarum Apa ya anut muji? Apa ya nunggal pra mukti Langgeng andherek Gusti
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 67