Informasi Lagu
170
Nomor
Kode
KPK 170
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 8 bait
Dhuh nyawaku tumengaa Sumengkaa mring kamukten ing swarga Lir kukila umabura Ngaluhura Gustimu wus angantya
Donya lan sagung nikmatnya Wah srakatnya Ungkurna, dhuh atiku Anggayuha kanikmatan, kadrajatan Paringane Gustimu
Dhuh Pamarta Mugi nganthi nyawa mami Kairida mring swarga Dimen anglud para mukti Mangastuti Asma Tuwan Slaminya
Sagung girising antaka Lan cintraka Tuwan birat sadaya Mugi sung pangajeng-ajeng Wah pitajeng Ingkang trus ing wardaya
Kula Tuwan unggulaken Dadosaken mantep dugeng pungkasan Ngambaha jurang antaka tanpa taha Trus minggah ing kamulyan
Nyawa kula ngangen-angen Klayan kangen dhateng Tuwan Cumengklung Tuwan kang nebus kawula Nyawa kula sumangga Tuwan pulung
Iba gunging kanikmatan kadrajatan Myang kamuktening swarga Gadhangane pra tebusan Neng kamulyan Tan kenging winirasa
Dhuh Pamarta Mugi tampi nyawa mami Lumebweng katentreman Arerema ngajal kula Rahayua Neng patunggilan Tuwan
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 170