Informasi Lagu
104
Nomor
Kode
KPK 104
Buku
Kidungipun Pasamuwan Kristen
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Iba kasaenaning Gusti Andhawahaken bujana Mring para abdine kasuprih Mantepipun ing pracaya Punapa malih rukunira De sampun pitungkas Tuwan Dhateng para sakhabatipun Sami kinen sih-sinihan
Mila kula gadhah panyuwun Kang mugi-mugi wontena Sih jumurunging Gusti piyambak Nggen kula sami bujana Supados estu andadosna Tetepipun ing pracaya Saha indhaking tresna kula Mring para sadherek samya
Dhuh Gusti, anggen kula niti Priksa kawontenanipun Ing manah sageda pinanggih Kang dados klepatan kula Saha denakeni tumunten Sampun kula pitambuhi Aluwung nyuwuna apunten Kang sarta tobat ing Gusti
Punapa kula ngenget-enget Dhateng pisakit Sampeyan Mangka boten purun nelangsa Rumaos ing kalepatan? Punapa boten dosa kula Kang denrembat dening Gusti? Yogya kemawon sawarnining Piawon kula singgahi
Partitur / Not
Partitur Chord KPK 104