Informasi Lagu
365
Nomor
Kode
KPJ 365
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 4 bait
Manah kula bingar lir pendah paksi, ingkang ngenggareng garneng epang ing wit. Tansah wira wiri, colat colote, sarwi ambadhungi ing pangidunge.
Swarane barungan laras sayektos, mawi asauran gantos - gumantos rame awurahan mabur - mabure, lan embyak - embyakan ing kekejere.
Apik busanane kathah pasrene, manca warna lare radin klimise. Resik mulus tansah, langkung tlatose, nggone abebingah ing padusane.
Allah kang ngrimati pra peksi samya, inggih anopeni mring jasad kula. Kula nggih bebingah sarwi ngrerepi, sakeca ing manah ngungkuli peksi.
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 365