Informasi Lagu
319
Nomor
Kode
KPJ 319
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Metronom
0
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Kadya Adam lan Hawa kang dedunung neng Pirdus, ajrih asih mring Allah, ngabekti kanthi tulus. Tresna nya murni, gesang nya suci, ) rukun setya wah lestari, tansah tinunggil Gusti ) (2x)
Tiyang kang sesemahan kang dadya putreng Allah, ngudi ing kamursidan, asih mring sagung titah Jujur ing lampah wah lembah - manah, ) arum jroning pirembagan, kekah dennya bebrayan ) (2x)
Tiyang kang sesemahan kang bekti mring Pangeran, bingah nggunggung Hyang Widi, sisah ngaub mring Gusti. Darma - bektinya landhesan sabda, ) dadya lantaraning berkah ing bebrayan akathah. ) (2x)
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 319