Informasi Lagu
179
Nomor
Kode
KPJ 179
Buku
Kidung Pasamuwan Jawi
Jumlah Bait
2 bait
Style
CountryShuffle
Dengarkan di YouTube
Syair / Lirik 3 bait
Pisungsung kagem Gusti, sinaosken klayan bingah; tan owel miwah kepeksa, nging kanthi eklas ing manah. Yen kumed kang sinebar, nggih kumed pangundhuhnya; yen loma kang sinebar, nggih loma pangundhuhnya.
Kula sami memuji mring Allah Kang Mahamirah; srana penambut kardi, saged nampeni berkah. Kula mboten was sumelang ing sadhengah kabetahan, yen pitados mring Gusti, mesthi datan kekirangan.
Pisungsung kagem Gusti, tan namung bandha kadonyan; ugi raga-badan kita, dadosa korban kang gesang. Nindhakken karseng Allah, nggih ibadah sejati; tan kentir ombyaking jaman, nging manut pangrehe Gusti.
Slide Lirik 3 slide
Slide 1 — KPJ 179 1
Slide 2 — KPJ 179 2
Slide 3 — KPJ 179 3
Setem Instrumen
Tuner gitar, bass, ukulele, dan piano sebelum mengiringi.
Buka Tuner
Metronom
Latihan atau mengiringi dengan tempo yang stabil, bisa tap tempo.
Buka Metronom
Partitur / Not
Partitur Chord KPJ 179